DUMADINE WATU MANTEN KALI JIRAK
angel 30 Mei 2020 10:44:52 WIB
Bebuka
Lepen Jirak menika dumunung ing padukuhan Munggi Pasar Desa Semanu Kecamatan Semanu Kabupaten Gunungkidul. Ilining lepen menika saking ler mangidul saha misahaken laladaning Desa Semanu dados kalih perangan, inggih menika: wetan lepen lan kilen Lepen Jirak. Menawi jaman rumiyin, ugi misahaken antawis Kitha Wonosari lan Munggi, pinangka punjering paprentahan Kepanjen Semanu.
Blegering lepen Jirak menika toyanipun lebet, kanan kering kathah bambeng sela - sela ageng, malah kepara wonten papan-papan tinamtu ingkang namung katingal sela kemawon. Ing mangkenipun lepen menika ugi mlebet ing guwa, ing perangan ingkang kasebat Kali Suci.
Ing papan ingkang samenika kabangun kreteg ageng, amargi kalangkungan margi ageng saking kitha Munggi dumugi ing kitha Wonosari, inggih ing ngriku mapanipun watu manten ingkang dipun sengker. Warga masarakat ing Semanu malah saperangan ageng ing Gunungkidul, sami mangertos yen rombongan calon temanten, utawi temanten anyar ingkang dereng jangkep selapan dinten, boten kepareng ngliwati kreteg ing Lepen Jirak menika.
Menggah cariyos mula bukanipun dumadosing watu manten, ingkang wujud Cerita Rakyat, antawisipun makaten:
PUPUH |
I. |
Dhandhanggula
|
|
|
|
1. |
Purwaningkang carita jinarwi Kali Jirak punika arannya Desa Semanu mapane Milir we ilinipun Saking elor mangidul yekti Wening kang toya dadya Panguripanipun Para warga duk ing kuna Ngangsu adus nggirahi datan keri Anut lakuning jaman.
|
|
|
2. |
Ana papan peranganing kali Sacakete Pasar Munggi sanyata Aran Jirak kawentare Pagene aranipun Yekti akeh wit jirak neki Mawor lan gegrumbulan Wit ingas tan kantun Sinelan ing sela-sela Ageng alit awor suh tali tumali Katon ing wingitira
|
|
|
3. |
Ana watu sajodho ‘raneki Watu Manten aran kang wus kaloka Angker wingit prabawane Sinengker brayat agung Wiwit nguni tekeng puniki Panganten anyar nyata Tan kenging alangkung Lamun wewaler katerak Rubedane sengkala ngreridhu yekti Tan tentrem uripira
|
|
|
4. |
Dene lamun kadereng ngliwati Saranane asung slametan kinarya Pasrahing kang ubarampe Wondene wujudipun Kembang manten ingkang sawiji Sekul punar kalihnya Ganten kinangipun Pepak datan kena kurang Ayam gesang pinilih kemanggang wanci Kalis godha rencana
|
|
|
5. |
Kamulane wiwitane nguni Caritane Watu Manten punika Ing jaman kuna anane Nenggih ingkang reratu Angratoni bangsa jim neki Rara Cendhani yeka Pan jejulukipun Akeh bala prajuritnya Brakasakan lelembut memedi sami Dadya andhahanira
|
|
|
6. |
Awit mula kinodrat ngratoni Yekti bangkit sudibya sumbaga Kalintang kadigdayane Ora mung bangsa alus Nadyan janma kathah kang ajrih Mila eca sang raja Mukti ing keprabun Ngratoni ing Kali Jirak Wimbuh wuwuh kuncaraning ratu putri Sedya jayeng bawana
|
|
|
7. |
Kocap mangke sang Ratu Cendhani Gadhah siwi putri wus remaja Dyah Pantarwati kasihe Warna ayu kalangkung Ing jagad tan ana kang sami Apan dyah rajaputra Pakaremanipun Lelana miwah nglembara Njajah desa wana gunung jurang curi Temanh hanggung kasmaran
|
PUPUH |
II. |
Asmarandana
|
|
|
|
1. |
Tatkala dyah Pantarwati Ngumbara ngambah gagana Katon endah sawangane Kali-kali lan talaga Tegal myang ara-ara Raja kaya ring anyenggut Si pangon enggar manahnya
|
|
|
2. |
Ing pagagan ana malih Among tani nambut karya Katon ijo tandurane Pohung jagung palawija Janganan ana uga Bayung bayem lombokipun Yekti tentrem ing pradesan
|
|
|
3. |
Kandheg lampahe sang Nini Ing saweneh karang tegal Pan ana jejaka anom Bagus jatmika wiraga Sang Dyah kataman brangta Anggendring mareki gubug Papane si bagus umbar
|
|
|
4. |
Sang Dyah lingya ris aririh Wong bagus sapa ranira Age wangsulana ingong Sang pekik anjola kagyat Ana swara tan rupa Ganda wangi ngambar arum Sigra ngesthi ninging driya
|
|
|
5. |
Wekasan nambrama kapti Heh sapa sira kang prapta Ngatona aja sesinglon Paran sedyaning amara Gragapan tyas sang retna Tan anduga kleru petung Ron kamal isin katingal
|
PUPUH |
III. |
Sinom
|
|
|
|
1. |
Lali yen bangsa kajiman Tan kena tiningal jalmi Marma sigra kamanungsan Mamrih sang pekik manoni Esem ngujiwat yekti ginatra amemalatkung wusnya sang bagus pirsa dalongop gecul warneki gumun ngungun wruh warna yu aneng ngarsa
|
|
|
2. |
Nanging mung sakedhep netra Gya gupuh mranata dhiri Sang pindha Ratih lingira Aja kaget Kakang iki Ingong si Pantarwati Yeki trah bangsa jimipun Ing jirak asalingwang Putri sang Sekar Cendhani Yeku ratu tetungguling bangsa mambang
|
|
|
3. |
Genti sira angakua Ngendi papan dunungneki Myang kang kekasih andika Sun kepengin mangerteni Sang bagus lingira ris Bagus Suteja aranku Kyai Singa Wijaya Pan iku ta yayah mami Ing Kemadang yekti papan dunung ingwang
|
|
|
4. |
Lah nini paran sedyanta Marepegi ing wak mami Yen sira ayun rubeda Ingong yekti nora wedi Dyah ayu mesem nuli Angling lah kakang puniku Apa boya ngertiya Yen ana wong nandhang brangti Kojur temen yen tresnaku tan manggih begja
|
|
|
5. |
Bagus Teja tan nglegewa dadi panujuning brangti Putri bangsaning kajiman Nuli mojar angreripih Nini mbok aja lali kita beda alamipun poma ta ingong tresna paran gone bisa dadi manunggaling tresnanira maring ingwang |
|
|
6. |
Cukat sang putri malumpat Cinandhak asta sang pekik Beda alam iku ora Mepalangi katresnan di Eman temen yen ajrih Mangka geng birawa bagus Baya tan isin kakang Maring wak mami yen kongsi Nganyutuwuh amarga kapedhot tresna
|
|
|
7. |
Gugup Suteja miyarsa Tangise sang Pantarwati Rinagkul pan nora bangga Kepara angadi-adi Mamrih tan denuwali Pangekepe risang bagus Lir Gusti wus anyerat Prasetyaning titah neki Nadyan beda pinesthi kekanthen tresna
|
PUPUH |
IV. |
Kinanthi
|
|
|
|
1. |
Wusnya prasetya satuhu Kekalih tansah pinanggih Lulut lelangen asmara Dasar maksih mudha yekti Sadina-dina tan pegat Lelana laladan edi
|
|
|
2. |
Ngendi papan wus linuru Wiwit gunung ngareki Segara lan pasisirnya Alas gung liwang-liwungi Pepereng myang jurang uga Kemput puput kaideri
|
|
|
3. |
Sigeg kang kasmaran tuhu Genti ta ingkang ginupit Sekar Cendhani neng paraja Hanggung cubriya mring siwi Wit saking salin salaga Pindha sata kang memeti
|
|
|
4. |
Marma sira ratu ayu Arsa uning baya neki Angutus kang prajineman Kala Bandhil ingkang nami Mangke wus marak sang ditya Dhuh dewaji ngong sumiwi
|
|
|
5. |
Kala Bandhil abdiningsun Ulatna Ni Pantarwati Baya apa karyanira Dene keh ninggal cepuri Solahe aneh sinawang Kaya kenya nuju brangti
|
|
|
6. |
Sira lakua asamun Telik sandi pan denesthi Sumanggem sang ingandikan Anyembah sarwi tur neki Pukulun junjungan hamba Amit ngong paksa ngungkuri
|
PUPUH |
V. |
Pangkur
|
|
|
|
1. |
Mesat kebat kaya kilat Mawor angin lakune Kala Bandhil Dhasar piyandel ginunggung Sudibya myang waspada Sentosa sembada ing saliring kewuh Sugih cara lan weweka Kabeh tlatah wus ngecaki
|
|
|
2. |
Tan kewran denya amakarya Tan dangu wus katon kang denulati Dyah siwi miwah sang bagus Lelumban ing talaga Awit nedheng ginubel rasa sawegung Tan nglegewa ungulatan Lali wayah pan wus pasthi
|
|
|
3. |
Adhehem sang duta ditya Kagyat anjola sang kaparag brangti Age mentas kalihipun Gupuh nguwuh sang juwita Pagene ta paman gawe kagetku Baya ora nate mudha Angindhik kang kungkum warih
|
|
|
4. |
Dhuh dyah retna wruhanana Ngong mundhi dhawuh sang ibunireki Andika pinrih ngadhatun Kondur hari punika Kala Bandhil tur sembah sarwi tumungkul Lah iya paman sun budhal Becike sira rumiyin
|
|
|
5. |
Kala Bandhil sampun kesah Pantarwati lingnya ris mring sang dasih Baya kakang mangu-mangu Yen mangke nuli sowan Mring ngarsa sang wibi ing Jirak kadhatun Nora ana jrih mas mirah Lamun tansah bareng yayi
|
|
|
6. |
Mangkono lingnya Suteja Sang retna angrangkul gupuh sang pekik Sabaya pati setyaku Mung sira tarlen kakang Ayo gegancangan ywa nganti kapungkur ya yayi apan prayoga kekalih tan yun ngunduri
|
PUPUH |
VI. |
Durma
|
|
|
|
1. |
Gelis prapti taman sari jroning praja Suteja Pantarwati Mulat ratu sekar Kumembeng mambeng duka Runtiking driya manoni Dene sang retna Wus lancang tindak neki
|
|
|
2. |
Anggeget waja sarwi angling sang nata Heh nini paran neki Apa sira tan mulat Kasihmu bangsaning jalmi Len alamira Sirik yen denlakoni
|
|
|
3. |
Mumpung durung kebacut tresnamu nini Uwalana den gelis Apa pilih sira Sun jejuwing bathangnya Manungsa tan tata iki Pikiren sigra Sun tan sedya udani
|
|
|
4. |
Waspa dres mili nanging sang dyah apanggah Dhuh ibu den aksami Nadyan beda bangsa Kula tresna sanyata Lamun mas ingwang bilahi Ngong mati uga Golong tyas kula kalih
|
|
|
5. |
Dhuh sang prabu leres tur putri nireki Lamun wurunga krami Leburen wak ingwang Yen luputa ing donya Delahan anganti kami Manteb ngling risang Suteja datan ajrih
|
|
|
6. |
Keparat sira manungsa murang tata Wani madoni mami Baya nyidham sirna Sun mangsa welasa Andulu bathang sireki Andik kabranang Muntab duka narpati
|
|
|
7. |
Menyat anduwa kuwlawening astanya Sang ibu dening putri Dyah retna sesambat Dhuh ibu paringana Welas dhateng ingkang siwi Hamba meminta Kandheg sang Sri ngungkuri
|
|
|
8. |
Abot ginalih de sang narpa sri Sekar Wekasan ngling dumeling Pagene ta sira Lumuh ing wuruk ingwang Puguh ati loro yekti Lir watu cadhas Tan kena den tuturi
|
|
|
9. |
Nyata mandi sabdaning sang narpa Sekar Suteja Pantarwati Dadi sela kembar Kagyat bala kajiman Kala Bandhil angreripih Dhuh gusti kula Welasa mring kang putri
|
|
|
10. |
Ratu ayu Sekar Cendhani karuna Apan kinodrat Gusti Dadya pesthinira Pisah lawan dyah putra Ingkang dahat den tresnani Waspa katingal Kumambang anelesi
|
PUPUH |
VII. |
Maskumambang
|
|
|
|
1. |
Seksenana sira pra punggawa mami Watu kembar ika Aran watu manten yekti Reksanen ywa kongsi brastha
|
|
|
2. |
Lan maneh wewaler ingsun kang wigati Rungokna ywa lena Manten anyar jalma neki Tan kena liwat ing kana
|
|
|
3. |
Kajaba minta palilah ing wak mami Sesajene srana Kurmat mring putraku iki Slameta de palakrama
|
|
|
4. |
Yen kongsi anrajang wewaler sun iki Rusak uripira Bebrayane sungsang sarik Salawase nora begja
|
|
|
5. |
Borong sira Kala Bandhil di nastiti Dijaga direksa Ingsun manekung Hyang Widhi Sendika dhawuh sang Narpa. |
Dening Sakiyo S.S ( Pendamping Desa Budaya Semanu )
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | |
Kemarin | |
Pengunjung |