TEMBANG MACAPAT MAHARGYA WULAN SIYAM

01 Mei 2020 14:08:11 WIB

Sinom:

1. Purwaning wiwit anyekar

roning kamal basaneki

srana angudhari gantha

ganthane budi adhikih

lan seserepan sepi

awit ginubel balilu

amung sinurung rasa

kumedah-kedah memetri

anembrama wulan Siyam kang minulya.

 

2. Tumrap warga Islam samya

angrantos kang wulan suci

setaun pan lawasira

kanthi manah golong-gilig

lair batin nyawiji

tan len mung srana manekung

dhedhepe ngarsanira

Gusti kang wus paring idi

mring uripe manungsa ing jagat raya.

 

3. Jroning siyam iku nyata

angeker nepsu sayekti

liring nepsu yen ginerba

warna-warna araneki

ora dhahar sawiji

tan ngunjuk ya jangkepipun

wiwit gagat rahina

tekeng wayah surup mesthi

iku laku nenuntun raga mrih pana.

 

4. Maknane pana punika

weruh bab ingkang sejati

yen luwe iku mupangat

kanggone badan puniki

nenuntun ninging pikir

laras surasaning kalbu

momong rasaning liyan

miskin mulya iku sami

gilir gumanti nut purbaning Kawasa

 

5. Kaping pindho pancadryiya

tutuk kuping mripat yekti

rineksa ywa gawe dosa

micara kang bener becik

sareh resep lan ririh

dene talingan puniku

pamirenge jinaga

saking ling kasar lan wengis

tukar padu memungsuhan ngundhamana.

 

6. Katri ponang paningal

pesunen ingkang patitis

aja mulat bab kang nistha

kaya badane pawestri

perangan inkang wewadi

yen dangu pamulatipun

kang bisa nggugah rasa

rasaning syahwat sayekti

temah rurah ganjaraning pasanira

 

7. Becike sabar darana

tumindak kanthi nastiti

manut tuntunaning sabda

kanjeng Nabi Rasul yekti

yen mungsuh kang utami

tumraping wong Islam iku

dudu wong kang birawa

sajroning prang gung puniki

yekti  amung hawa nepsu angganira

 

8. Lamun wus sawulan natas

mesu raga miwah batin

bakda Riyaddin wus nyata

dadi kamenangan Mukmin

ingaran Idul Fitri

wangsul ing kasucen tuhu

ngapura ingapuran

brayat agung lan sesami

mugi Allah paring idi mrih sampurna

 

Dening: Sakiyo, S.S (Pendamping Desa Budaya Semanu )

 

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 
Pencarian
Sekilas Info!
Arsip Artikel
Komentar Terkini
  • Widodo
    Dengan sosialisasi ini diharapkan dapat menambah w...baca selengkapnya
    08 Februari 2025 22:44:33 WIB
  • teknonews
    Program Unggulan Kejar Paket (Ja-Ket) yang dijalan...baca selengkapnya
    09 Desember 2023 22:49:41 WIB
  • Adelina DA conceicao
    Tdak dapat bantuan lagi itu masalahx apa...baca selengkapnya
    14 Agustus 2023 18:56:12 WIB
  • Imam Suharjo
    Alhamdulillah moga alus dan lancar semuanya...baca selengkapnya
    28 November 2022 16:46:33 WIB
  • Harni
    Selamat dan sukses untuk rekan rekan yang nantiny...baca selengkapnya
    01 Oktober 2022 19:06:08 WIB
  • Sutriz dram
    Arisan budaya adiluhung perlu di lestarikan oleh g...baca selengkapnya
    22 Agustus 2022 20:21:26 WIB
  • sukarman Al ghozaly
    tolong upayakan setiap hari selalu memberikan info...baca selengkapnya
    20 September 2021 21:39:44 WIB
  • Widodo
    Semoga kepengurusan yang baru ini dapat bersinergi...baca selengkapnya
    03 September 2021 00:02:10 WIB
  • Bambang Wibisono
    Boleh diberikan maksud dan pengertian lebih mendal...baca selengkapnya
    03 Januari 2021 09:42:00 WIB
  • sukarman Al ghozaly
    rancangan APBDES 2021 Kalurahan semanu sudah ada b...baca selengkapnya
    31 Desember 2020 18:24:06 WIB
Galeri Foto
KONTAK SATGAS P2KPA
Statistik Kunjungan
Hari ini
Kemarin
Total Visitor
Media Sosial